147. Areke pancen ayu
Anake juragan kayu
Semayan nang semolowaru
Bareng aku teko lak kok digondol koncoku
147. Awak kadung sial, jange moleh kelangan sandal.
Aku kesusu sepeda tak pancal.
Kesrempet bemo aku keyel-keyel.
Saking mangkele aku ngomel-ngomel.
148. Kemis malam Jum'at
Macak klimis jange minggat,
Batin ati wes gak kuat
Kedanan arek Perak Barat,
149. Areke pancen ayu
Anake juragan kayu
Semayan nang semolowaru
Bareng aku teko lak kok digondol koncoku
150 Awak kadung sial, jange moleh kelangan sandal.
Aku kesusu sepeda tak pancal.
Kesrempet bemo aku keyel-keyel.
Saking mangkele aku ngomel-ngomel.
151 Dino senen malam seloso.
Turu ijen kemulan kloso.
Gak klambenan yo gak gak nganggo clono.
Koyok sajen tepak bersih deso.
152. Tengok - tengok ngarep lawang ambek camilan...
nyawang anake tonggo podo dulinan...
Iki dunyo mono kok akeh sing podo kedanan...
mburu senenge deweh ampek kelaran - laran...
153.......urip sepisan gawe kidungan...
ugoh warisan lan kebudayaan...
ayo kawan podo kelingan...
.154. Blusak-blusuk nang pasar Wage, isuk-isuk kok wes nageh.
155 .Mangan sego empok iwak'e pindang, mari dicipok kok malah ditendang...
156.Kemis malam Jum'at
Macak klimis jange minggat,
Batin ati wes gak kuat
157.Esuk-esuk kok podo mentheleng, barang tak inceng tibak'e adus, blusak-blusuk pethuk wong ngganteng, kadung methenteng disruduk wedhus.
158.Duwe konco elek kabeh yo ngene iki, ketularan virus elek, angel obate maneh.. tobat-tobat
159.Lungo nang wlingi nang morotuwo, nek wes bengi enak'e lapo.
160.Nang dinoyo golek sego krawu, nek wes loyo ayo ndang turu
161.Tuku kutang nang ngarepe pasar dinoyo,
ojok kendel utang nek gak pinter semoyo.
162.Lungo nang Gresik, terus nang Balikpapan,
luwih becik aku mapan nang dipan.
163.Critane tepak kematenan.
Budhal kesusu polae udan.
Thotok nggone tepak mangan,
Sego sak piring tak entekno pisan.
...Weteng wareg, aku pamitan.
Wong tuane mesem ngejak salaman.
Nang kemantenan aku celingukan.
Lho kok gak podho karo undangan.
Perasaan wes mulai gak enak.
Takon kematene opo tekan Kalianak.
Jare kematene kulo saking Demak.
Aku kisinan langsung mlayu numpak becak.
164.Tanggal siji malam Suro.
Pancen rame nang Sedudo.
Podo nglumpuk rondho karo dudho.
Sampek aku dikroyok Dudho limo.
Aku kaget arep laopo .
...Tibak'e kabeh njaluk sego.
Aku tolah toleh nggolek seng ganteng.
Pancen rejeki , ketemu juragan genteng.
Aku diajak ngombe sekoteng.
Bareng ngajak seng nggak-nggak aku wedi meteng.
165.Kemis malam Jum'at
Macak klimis jange minggat,
Batin ati wes gak kuat
Kedanan arek Perak Barat,
... Areke pancen ayu
Anake juragan kayu
Semayan nang semolowaru
Bareng aku teko lak kok digondol koncoku
.
Awak kadung sial, jange moleh kelangan sandal.
Aku kesusu sepeda tak pancal.
Kesrempet bemo aku keyel-keyel.
Saking mangkele aku ngomel-ngomel.
Dino senen malam seloso.
Turu ijen kemulan kloso.
Gak klambenan yo gak gak nganggo clono.
Koyok sajen tepak bersih deso.
Jange moleh mendunge peteng, ditinggal nyengkreh dadakno meteng.
Loro mripat nang sirah kemeng, bojo papat palang merah bareng.
Arek'e ayu moleh ijenan.
Nggowo tas gede tak kiro jange arisan.
Dadakno towo jamu sak kondomo pisan
.
166.Tuku tahu kok tekan Ngampel, ayu-ayu kok sempel.
167.Awan-awan mlaku-mlaku nang Kenjeran, onok prawan kok kleleran.
168.Jalan-jalan ke Manado, jangan lupa beli pepaya, kalau kau cari jodoh pilihlah saya
169.Sego pecel iwak'e paru , tiwas nyekel ditinggal turu.
170.Plesir nang luar negeri, nek naksir yo ndang dirabi
171.Mlaku-mlaku nang pasar Klewer, ayu-ayu sayang ndower
172.Sego liwet iwak'e pedho, onok seng lewat rek, Rondho
173.Sendang biru nggone iwak tongkol, Seng klambi biru bikin aku mendongkol.
174.Ani-ani disawah, sopo wani ayo mlumah.
175.Ke Perak beli singkong, jaga jarak dong.
176.Sayur asem , lawuhe iwak cucut, ojok mesem-mesem ati2 kepincut.
177.Kaos kutang cuman selembar, kalau kau ngutang cepet dong bayar.
178.Berakit-rakit kehulu, berenang-renang ketepian, ajak aku kepenghulu, dari pada aku kesepian.
179.Ada gula ada semut, ada golira ... lari ah takut diemut.
180.Lempar batu sembunyi tangan, Ada yang menampar aku, anak bujang.
181.Nang Malang tuku gobis.
Tekan omah langsung ditumis.
Sego empok enak rasane.
Opo maneh gratis mbayare.
Nek dicipok piye rasane.
Emboh gak eroh rasakno dewe.
182.Mulai bimbang karo pak kumis.
Rono-rene lambene lamis.
183.Ada kalajengking dibalik batu, aku merinding ketemu dirimu.
184.Sego empok enak rasane.
Opo maneh gratis mbayare.
Nek dicipok piye rasane.
Emboh gak eroh rasakno dewe
.
185.Tuku gethuk nang pasar Genteng.
Isuk-isuk kok wes nang Klentheng.
Aku kepethuk arek ganteng,
Grusak-grusuk ealah tibak'e arek'e gendheng.
186.Munggah gunung , gunung Bromo.
Ojok lali sangu serabi karo kurmo.
Melung-melung njaluk mrono.
Oalah tibakno njaluk dirabekno.
Dino Kamis malam Jum'at.
Aku lungo nang babat,
Onok arek manis jingkat-jingakt.
Bareng tak ongak tibake lagi kumat.
187.Onok kodok motone mlorok.
Kodok Tuwek jare teko Bangkok.
Arek wedok lungguh mekokok,
Kathok'e suwek irungku sampek mekrok.
188Tuku kayu nang pasar Pucang,
Ditaleni rapet ojok diuculi.
Areke ayu lunggung metringkrang.
Sikile rapet persis kupat ditaleni.
189.Malam Minggu sore-sore.
Lepingin metu gak onok koncone,
Mlaku-mlaku ijenan wae.
Sopo eruh nemu babu kece.
190.Malam Minggu sore-sore.
Lepingin metu gak onok koncone,
Mlaku-mlaku ijenan wae.
Sopo eruh nemu babu kece.
191 Awan-awan mangan roti.
Nggowo timbo tepak seng bolong.
Rabi prawan towok ngajari .
Rabi rondho nang geger bengkong.
192.Dino Minggu aku mancing.
Moleh jam telu dienteni arek nang Sumber Manjing.
Iwak Tak tunu sampek garing.
Tak suguhno tamu sampek kepising.
Awan-awan mangan roti.
Nggowo timbo tepak seng bolong.
Rabi prawan towok ngajari .
Rabi rondho nang geger bengkong
193.Mangan gudeg campur kikil, nek wes ndredeg kono ndang menthil.
194.Ono dhedheg campur ketan, aku ndredeg ketemu mantan.
195.Iwak belanak dibumbu rujak, nek kroso enak ngga ngajak-ngajak.
196.Kresek wadah kurma, polo pendhem diseleh gelas, ngrasakno Arema, awak adem panas
.
197. Iwak pedho , dicampur kikil, nek wes dudho ojok pethakilan.
198 Nggolek suruh sampek tekan krembung, kalah taruhan , njaluk ambung.
199.Nggawe acar, nggawe gudhek, duwe pacar tambah mbededek
200. Iwak pedho dibumbu pedhes, onok rondho nggarahi nggreges
Tidak ada komentar:
Posting Komentar