Minggu, 02 Oktober 2011

Koleksi Parikanku

1. Jangan asem soko delimo, wes kadung kesengsem anake limo

2. Onok terong digoreng lengo, wes kadung nefsong ditinggal lungo.

3. Onok terong digoreng lengo, wes kadung nefsong ditinggal lungo

4. Jangan lodeh soko terong, tiwas mbledeh dadakno woron

5. Segu kuning lawuhe teri ,klambi kuning njaluk dirabi.

6. Numpak oplet nang Gunung Gangsir, bondo cupet gak wani naksir.

7. Mangan pedho karo ndok asin, ono dudho ra duwe isin

8. Sego pecel tuku nang Manyar, tiwas ngeyel ra dibayar.

9. Ada anak minta disayang, wes kadung enak, ayo ndang digoyang

10. Mlayu-mlayu aku arep tuku susu, onok arek ayu tibake bisu

11. Nang Solo,opo nang Kertosono, ojok ngresulo, ayok ndang dilebokno

12. Onok seng bening kok nggolek seng petheng, onok seng ceking,
      kok milih seng mbetheteng.

13. Petruk Bagong nyunggi gong
       Ngemut terong nganti monyong

14. Mendung ga mesti udhan
       Kadung gabung yo mesisan edhan

15. Buto galak buto Cakil methakil
       Wes tuwo cluthak jowal jawil penthil...

16. Tuku oncom kliro melon
        Mari ngono di teleni kawat

17.   Bojo nom gag gelem kelon
        bojo tuek njalok pegat

18.  Jeruk pecel jeruk purut
          lagi dicekel...kok makcrut

19.  Buah nangka berdaun manggis, ono jejaka lambene lamis.

20.   Onok luwak nang dhuwur kates,
         nang gunung gangsir golek trewelu,
         ancen awak lagi apes,
         arep tak taksir anak'e tibak'e wes telu.

21.   Golek petis nang Sumenep, numpak getek nang Bangkalan.
         tiwas nangis karo senep, dak dongakno matek kon ancen sialan

22.   Tuku bandeng nang pasar Porong. tiwas gendeng digondol uwong.


23.   Tuku gethuk anjok Bluru, moto ngantuk aku tak turu.

24.   Nang pasar Beji arep tuku kates, duwe pacar siji marakno greges.
        Mlayu-mlayu sampek tekan Brangkal,
        ayu-ayu kok senengane mancal-mancal.

25.   Mlayu-mlayu sampek tekan Brangkal,
        ayu-ayu kok senengane mancal-mancal

26.   Nggawe sambel campur trasi, jek umbelen wes njaluk rabi.

27.   Iwak asin soko Tuban, nek isin ra keduman,

28.   Mangan telo karo juruh, nek ngresulo ojo misuh

29.   Nang lampung sangu pacul, nek wes rampung ayu ndang ucul.

30.   Godhong kenikir, diencloki ulat bulu, tinimbang mikir ayo nang penghulu

31.   Nek nang Wlingi ojok numpak Mercy,
        paling enak Nang Tuban golek siwalan,
        nek bengi-bengi kok macak dadi Nancy,
        bareng wes awan kok dadi cak Lan.

32.  Golek blewah karo tempe penyet, jare sekolah kok nang Warnet.

33.   Nang Jombang numpak jaran, nek kebimbang yo paranono.

34.   Tuku gethuk regane selawe, wes kepethuk kok gak ngawe-ngawe.

35.   Nang Sendang biru golek yuyu, aku kliru milih seng lemu.

36.   Lungo nang Wlingi tuku lele, soyo bengi aku kok ngglele.

37.   Peyek diremet-remet, mari ngenyek kok malah nggremet

30.   Mangan tiwul, campur roti, seng rambut kriwul megelno ati

31.   Onok tokek di celupno lengo, nek wes bokek ditinggal lungo.

32.   Main dakon nang ngisor ondho, bareng aku takon jebule wes rondho.

33.   Tuku gethuk karo udhan-udhan, nek kepethuk kok malah dadi edan,

34.   Semar mendem onok'e nang alon-alon, adem-adem enake kelon.

35.   Pithik walik sobo kebon, gak oleh sing cilik yo seng babon.

36.   Nang pasar Rungkut tuku babat, nek wes bangkrut kok sambat.

37.   Iwak belanak dipangan buyut, kroso enak ayok dilanjut.

38.   Joko sembung lungo nang bali, njaluk ambung kok bola-bali

39.   Tuku melon nang Pacar keling, aku arep kelon karo guling.

41.   Nang Lumajang numpak taksi, ngakune lanang tibak'e banci.

42.   Lungo nang Rengel tuku trasi, tiwas ngeyel gak sido dirabi.

43.   Milih dondong opo salak, milih seng brondong tambah galak.

44.  Mlaku-mlaku karo ibuk, tuku gethuk soko pohong,
       arek ayu nang facebook , bareng kepethuk jebule koyok kingkong.

45.  Tuku keset nang pasar Bratang
        Tuku gudeg nang pasar Pucang..
         Aku ngleset karo mathang -mathang.
         Wetengku wareg sampek koyok gedang

46.  Onok biting kintir nang kali, seng rambut keriting marahi geli.

47.   Nang Banyuwangi numpak sepur, nek wes bengi ayo ndang bkekur..

48.   Nang Samarinda nggowo rokok kretek,
        onok Malinda seng menthek-methek

49.  Lungo nang Jombang blonjo apukat, seng klambi abang ayo disikat
.
50.   Mangan buntil gurih rasane, mari menthil perih rasane.

51.   Sego empok sego jagung, wong dicipok kok melung-melung.

53.   Andog gethuk nang pasar Blimbing, bareng kepethuk lambene sumbing.

54.   Numpak sekuter enak'e tuku delimo,
        tiwas wes ser..ser tibak'e anak'e wes limo.

55.  Mangan rendang rasane pedes, ndelok klambi abang aku kok nggreges.

57.   Mlayu-mlayu nang Saradan, ayu-ayu kok edan

58.   Tuku sewek nang Tanah Lot, wong wes tuwek rasane alot.

59.  Mangan jangan lodeh kok kroso lengo,
        bareng wes mbledeh ditinggal lungo.

60.       Nang Tanggulangin nggolek dompet, nek kepingin ayo nang mepet

61.       Gulo jowo soko Blitar, seng dowo-sowo bikin gemetar

62.       Mangan welut nang ngarep omah, wong wes kewut isone lumah-lumah

63.       Nang embong mlayu-mlayu golek kates,
          ndelok wong ayu kok malah netes
.
64.       Nang Sidoarjo nggolek klanthing, nek golek bojo yo seng ting..ting.
Tuku sandal jepit nang Kertosono,
Wong ono seng njepit kok malah dijarno



65.             Numpak prahu opo numpak taksi, onok arek ayu tibak'e banci
      Tuku wedhus nang Bumiayu, masio gak adus jek ketok ayu.

66.       Lungo nang Jombang sangu roti,
         ono arek klambi abang menggoda hati..

67.       Mbeleh sapi aku milih cingure, bareng dirabi kok dienggurne.

68 .      Mangan sembukan nang njero taksi, kenal nang fesbukan jebule banci.

69.       Jarik lurik digowo nang Tandes karo blpnjo tomat,
          tiwas tak lirik nganti nggreges jebul bojone bu camat.

70.       Mangan kedondong rasane legi, entuk berondong manaske ati.
tuku tepung kok tekan Dampit, nek wes rampung kulo nyuwun pamit.

 71.      Nang Sumber Pucung tuku donat, ayo ngacung seng durung sunat.

72.       Lungo nang Banyuwangi sangu orem-orem,
nek wes bengi ojok melek merem.

73.       Mangan rempeyek kacang ijo, ojo ngenyek seng gak duwe bojo.

74.       Mangan bakso nang Coban Rondo, aku dipekso karo mbok rondho.

75.       Ngombe jamu cek kuat otote, jamu gendong seng dodol tuwek.
Awakku lemu cek repote, longgoh medongkrong kathoku suwek.

76.       Good Morning selamat pagi, sugeng injing monggo kerja bakti,
Keringet garing terus masak mie, longgoh medongkrong koyok direksi,

77.       Nang Wlingi tuku sapi, tambah bengi tambah sepi.

78.       Suwe ora jamu, jamu pisan godhong salak, suwe ora ketemu ,
            temu pisan kok tambah galak

78.       Kebo nyusu gudel, mari dijak bobok kok di perkedel.

79.       Jangan asem, soko klenthang, mesem-mesem sajake menantang

80.       Nang pasar karo minak jinggo, nek duwe pacar mbok dijogo

81.       Sapi lanang, sapi wedhok, papiku datang atiku mekrok.
82.       Iwak tongkol dibumbu rujak, atiku dongkol aku gak mbok jak.

83.       Bermain air basah, bermain api hangus,
Kalau kau naksir jangan mendesah-desah,          
nanti kau malah dikasih ingus.

84.           Gulo Jowo , rasane legi, kon wes tuo kok gak rabi.

85.           Mangan rujak campur pohong, wes kadung macak la kok worong.

86.       Cacahe selawe kok jare telu, wetengu luwe sirahku ngelu.


87.       Bermain air basah, bermain api hangus,
 Kalau kau naksir jangan mendesah-desah,
nanti kau malah dikasih ingus.

86.       Mangan rujak campur pohong, wes kadung macak la kok worong.

87.       Nang Bunut tuku gethuk, iki wes cenut-cenut pengin ndang pethuk.

88.       Sego sak kepel dibungkus jarik, La mari apel kok malah purik.

89.       Nang Malang hawane adem,
nek atiku bimbang rasane koyok wong mendem.

90.       Nang Songgoriti sangu legen karo klepon, atiku kangen pean ga nelpon.

91.       Alon-alon waton kelakon, nek ngajak kelon ojo karo dakon

92.       Bermain air basah, bermain api hangus,
Kalau kau naksir jangan mendesah-desah,
nanti kau malah dikasih ingus.

93.       Suwe ora jamu, jamu pisan godong tewel,
suwe ora ketemu temu pisan, la kok ngajak ML.. glodak

94.       Tong kosong berbunyi nyaring, nek onok brondong ayo ndang digiring

95.       Anak polah bapak kepradah, bapak polah anake pasti nambah
Nang Wlingi tuku sapi, tambah bengi tambah sepi.

96.       Anak polah bapak kepradah, bapak polah anake pasti namba

97.       Anak harimau tidak akan jadi anak kambing,
kalau aku udah bilang mau, janganlah kau cari Cebing-cebing.

98.       Ada ubi ada talas, nek wes rabi, ojo turu alas.

99.       Pitik cilik sobo kebon, nek gak entuk sing cilik, yo milih sing babon
.
100.    Mlaku-mlaku tuku semongko nang Kebalen,
aku wes nyongko kon pasti ngejak balen.

101.    Adem-adem kemulan sarung, tiwas mendem la kok worung

102.J  angan klenthang dipangan nang sawah,
mari methantang la kok gak obah

103.    Blonjo kentang nang Dinoyo, nek duwe utang ojok semoyo

104.    Asem-asem gulo jowo, mari mesem-mesem la kok digowo

105.    Tuku kecipir kok nganti nang babat,
ono seng kenthir ndang kek'ono obat

106.    Gedang kepok rasane legi, Katanya kapok kok nambah lagi..

106.    Nang pasar tuku kedondong, nang Kalianak aku wingi ,numpak andong. Duwe pacar rambute gondrong, paling enak nek bengi dadi bencong.
107.    Nang Petojo tuku gedhang setangkep,
onok seng mojok ati-ati ketangkep.

108.    Godong sembukan nggo bothokan, nek nang fesbukan ojo gondok'an.

109.    Jare nang kedungdoro la kok nglembur, jare loro kok tempur

110.    Aiberiak tanda tak dalam, jangan teriak aku pasti pelan-pelan.

111.Sego sak kepel dirubung tinggi, duwe bojo dobel, nek ngrubung medeni

112.    Mangan jagung nang pojokan Klojen, wes dadi mbah kung, kok jek ijen

113.    Pegupon omahe doro, , entuk babon kok malah soro

114     Nang Mbareng mampir nang MOG, masio ireng pokoke semog

115.    Bermain air basah, bermain api hangus,
Kalau kau naksir jangan mendesah-desah,
nanti kau malah dikasih ingus.

116.    Nang pasar tuku kedondong, nang Kalianak aku wingi ,numpak andong. Duwe pacar rambute gondrong, paling enak nek bengi dadi bencong.

117.    Ngombe jamu nang Pacar Keling, nggolek seng lemu opo seng ceking.

118.    Iwak sepat golek nang kalen, mari dipegat kok ngajak balen.

119.    Mangan ketan karo polo pendhem, ayo cepetan selak kademen.

120.    Nang Sendang Biru numpak prahu, tuku cempedak regane selawe, onok arek klambi biru mlayu2, bareng tak cedaki tibak'e wewe

121.    Nang Malang udane deres, mangan lepet tuku nang Dinoyo.
Nek jek bujang ojok sok ngeres, mundak ra cepet oleh bojo.

122.    Sego sak kepel dirubung tinggi, duwe bojo dobel, nek ngrubung medeni

123.    Mendhem-mendhem kok munggah bekupon,
adem-adem enake... mangan kelepon

124.    Kodok mencolot nang njero banyu, wedi tak gepuk kok mlayah mlayu, kathokku mlorot awakmu mlayu, bareng tak kek'i kok malah ngguyu. Pegupon omahe doro, , entuk babon kok malah soro

114     Nang Mbareng mampir nang MOG, masio
125.    Terong ijo diplontir biru, bojone uwong dipikir kuru ....coooooy
126.    Riyoyo gak nggoreng kopi ngadep mejo gak ono jajane,
joko cilik kok wes wani rabi , bareng ditagih blonjo ngedol clonone.
127.    Oro-oro dhowo dalane rame, mbedil celeng cacahe songo,
gedhe dowo opo arane, wes kadung kemeng ditinggal lungo,
128.    Esuk-esuk kok podo mentheleng, barang tak inceng tibak'e adus, blusak-blusuk pethuk wong ngganteng,
kadung methenteng disruduk wedhus.
129.    Pilih piring opo pilih mangkok, podo-podo nggo wadah sop buntut,
 pilih seng ceking opo seng bangkok, podo-podo iso ngentute
130.    Lungo nang wlingi nang morotuwo, nek wes bengi enak'e lapo.
131.    Blusak-blusuk nang pasar Wage, isuk-isuk kok wes nageh.
132.    Sego sak kepel dirubung tinggi, duwe bojo dobel, nek ngrubung medeni

133,    Kodok mencolot nang njero banyu, wedi tak gepuk kok mlayah mlayu, kathokku mlorot awakmu mlayu, bareng tak kek'i kok malah ngguyu.

134.    Terong ijo diplontir biru, bojone uwong dipikir kuru ....coooooy.

135.    Riyoyo gak nggoreng kopi ngadep mejo gak ono jajane,
joko cilik kok wes wani rabi , bareng ditagih blonjo ngedol clonone.
136.    Godong sembukan nggo bothokan, nek nang fesbukan ojo gondok'an
137.    Lungo nang wlingi nang morotuwo, nek wes bengi enak'e lapo.
138.    Nang dinoyo golek sego krawu, nek wes loyo ayo ndang turu
139     Mangan sego empok iwak'e pindang,
mari dicipok kok malah ditendang...
140.    Tengok - tengok ngarep lawang ambek camilan...
nyawang anake tonggo podo dulinan...
iki dunyo mono kok akeh sing podo kedanan...
mburu senenge deweh ampek kelaran - laran...
141.    Tuku kutang nang ngarepe pasar dinoyo,
ojok kendel utang nek gak pinter semoyo.
142.    Critane tepak kematenan.
Budhal kesusu polae udan.
Thotok nggone tepak mangan,
Sego sak piring tak entekno pisan.
143.   Tanggal siji malam Suro.
Pancen rame nang Sedudo.
Podo nglumpuk rondho karo dudho.
Sampek aku dikroyok Dudho limo.
Aku kaget arep laopo .
...Tibak'e kabeh njaluk sego.

144.   Aku tolah toleh nggolek seng ganteng.
Pancen rejeki , ketemu juragan genteng.
145.   Aku diajak ngombe sekoteng.
Bareng ngajak seng nggak-nggak aku wedi meteng.

146.    Kemis malam Jum'at
Macak klimis jange minggat,
Batin ati wes gak kuat
Kedanan arek Perak Barat,

Tidak ada komentar:

Posting Komentar